Sesorah


Sesorah Lingkungan



Assalamualaikum Wr. Wb.
          Ingkang kinurmatan Bapak Septiono Ponco Usodo minangka kepala SMP N 1 Tayu. Bapak Ibu guru ingkang kula kurmati, lan rencang-rencang ingkang kula tresnani.
          Sumangga kita sedaya ngaturaken puja lan puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring kanugrahan, rahmat, sarta hidayahipun dhumateng kita sedaya, saengga kula lan panjengan saged makempal kanthi kahanan sehat wal-afiat.
          Lingkungan menika panggenan kangge kita sedaya nggantungaken gesang. Amargi menika kita sedaya kedah njagi lingkungan sae-sae supados bumi ngasilaken keuntungan kangge kita.
          Lingkungan ingkang leres inggih menika lingkungan ingkang layak kangge dipunpanggeni manungsa lan kasarasan manungsa saged kajagi, amargi menika kita sedaya kedah njagi karesikan lingkungan supados kita saged gesang ingkang ayem lan tentrem.
          Sapunika kesadaran kagem njagi karesikan ing lingkungan kita minangka murid taksih kirang sanget. Dipuntingali saking lingkungan sekolah kita ingkang taksih wonten runtah ingkang sumebar. Kamangka panggenan runtah ingkang dipuncawisaken sekolah sampun nyekapi. Ing saben-saben pojok sekolah wonten panggenan runtah. Nanging tetep wonten ingkang mbucal runtah sakepenake.
          Njagi karesikan lingkungan menika cara ingkang becik kangge nyegah penyakit-penyakit ing musim jawoh kados samenika. Njagi karesikan lingkungan saged dipunwiwiti saking ngresiki sekolah ingkang kita tresnani, SMP N 1 Tayu. menawi sekolah kita resik, tiyang sanesipun saged nuladhani kebiasaan becik kita sedaya. Dampak positife inggih menika kagiyatan belajar mengajar dados nyaman amargi lingkunganipun resik.
          Mekaten ingkang saged kula aturaken, menawi kirang mranani, kula nyuwun agunging samudra pangaksami.
Wassalamualaikum Wr. Wb.

2 komentar: